14 February 2008 - 15:44:14

14 februari 2008

Kepada teman sejatiku,

Andy Ian Pratama A.K.A Ndomble Warkomble
Di Surga

ndomble inset

 

Dear Ndomble,

 

Yakpo kabare jezz? Suwi ga ketemu, kangen q.. huehuehuehuehue.. Wes oleh cewe piro kon? Wenak yo kon neng surgo ora usah soro2 kerjo, wehehehehe. Mben kenalno pacarmu lho ya! ^^ Weh pengen rasane sepedaan ra nganggo klambi kyk biyen iko. Seru jek! Huehuehuehue… Fotone t’ simpen sekan. Gawe lek kangen kon^^. Oh yo rioyo winginane aq, langgeng, agus, tukul, farid, lona, eny, bilqish, wawut neng omahmu. Ibumu ketoke wes rodo tenang mble. Kon tenang ae, ibumu dijogo karo arek2.. Oh yo dulurmu seng manis arek jakarta iku sopo jenenge? Njaluk nmr hapene dunz :p.. ssstttt ojo ngomong2 Bilqish tapi.. :p hehehe guyon2 bro!

 

Arek2 saiki akeh seng wes kerjo mble. Langgeng pancet ireng lan kuru kq, ra usah ditakokne maneh. Mek saiki areke lg PDKT neng wawot mbek denok. Seneng aq saiki langgeng wes iso seneng arek wedok. Cike pancet pendek lan sipit, Tempe pancet nggateli, Agus ga iso enom2, trus Bilqish pancet imut :p.Wes arek2 akeh seng pancet ae ga brubah. Mek aq tok sing tambah putih^^. Penyu yo brubah tambah dowo janggure (nama disamarkan), farid pisan, tambah gede ndase… jare langgeng lek turu sampe glodakan banter banget munine… Jare sampe gempa 2SR barang neng jakarta lek bengi. Kroso ga kon? Ssstt ojo ngomong farid loh! Oh yo arek2 akeh seng neng Jakarta, aq neng bali saiki gembul mantanmu, Bebek. Huheuhuehuehuehue.

 

Baidewei, saiki angkatane awak dewe wes duwe klambi karo web loh! Lek pengen pesen klambi nang wawud ae. Web-e awak dewe wartel13.org mben lek nganggur nango warnet mbuka webe awak dewe. Enek warnet to neng surgo? Sip. Eh mble, fotomu t’ pajang neng web yo? Ah babah wes masio kon ga setuju tetep t’ pasang. Ben ketok ndomblemu wkkkkk… Ben arek2 lek kangen kari buka’ web-e kene. Huehuehuehuehuehue…

 

Yo wes ngunu ae.. Aku bingung arep ngomong opo maneh, akeh jane seng pengen t’ critakno. Mben maneh ya! Dungakne konco2mu iki sukses kabeh, seng pasti dungakne aq tmbh lemu ples putih! hehehe… Salam kanggo konco2mu (baca: cewe-cewe) neng kono yo! Oh yo mble permintaan terakhir, salam gawe Bapakku yo! Ngomongo lek aq sayang banget mbek wonge masio ga tau ketemu^^ Karo mbahku sisan seng wingi ket sedo. Mben t’ kirimi surat maneh :D C yaaaaa!!!

 

 

 

regards,

 

stephen atas nama watelholic kabeh (konco2mu angkatan 13 telkom)

 

To remember for the lost watelholic. Andi Ian Pratama. RIP in October 14th, 2006. Best friend ever. You’ll always a part of us, part of watelholic’s soul. Be happy my friend, coz ur happiness is ours too. Lot of love for u.

artndomble

Read original post at steemeister blog



Post a comment
Name: 
Email: 
URL: 
Comments: